dadi wong mbok yo podho elingo..
setuhune,samubarang ing ngalam ndonyo iki ora bakal langgeng..
endahing rupo lan akehing bondho,biso sirno sakedhep netro..
mulo iku siro sing ngertio..
santun ing tumindhakmu..
luhur ing pekertimu..
ikhlas ing saben ngamalmu..
entengo tanganmu..
tindhak tandhuk iku kudu dijogo..
ojo nganthi anggawe wong liyo dadi gelo..
yen lagi ing nduwur,elingo marang wong ing ngisor..
yen lagi sugih,ojo lali karo sing ringkih..
yen lagi dadi pemimpin,bisoo rumongso..ojo rumongso biso..
bisoo ngerteni kahanan sing mbok pimpin..
yen lagi ing ngisor,sabaro sak wetoro..
lakonono opo kang ditetepke Gusthi kang moho durmadi..
sareh lan sabar,iku luwih becik kanggo siro..
sing lagi kuwoso,ojo banjur daksuro lan daksiyo marang sapodho-podho..
sing menang,ojo njur sawenang-wenang...
sing pinter,ojo njur tumindhak keblinger..
adigang,adigung lan adiguno singkirono..
kabeh iku tumindhak kang olo..
eling,eling lan eling..
waspodoo marang wolak walik'ing jaman..
amargo,roda iku bunder..
yen wes titi wancine,kabeh kadadeyan biso wae dadi sakwalik'e..
sabar naliko ora nduwe..
nrimo ing pandum,iku becik'e..
syukur naliko opo-opo sing mbok karepi iso katekan lan kaleksanan..
yen lagi akeh kalonggaran lan kasaenan kahanan..
ojo lali akeh dulur-dulurmu sing isih kasusahan..
(Kupang, Seloso bengi, Tanggal 15 Wulan September Tahun 2009)

0 komentar:
Posting Komentar